SIMBOK SIJABANG NYAWA

Dening Yoni Ahmad

Getih kemucur tanpa kaukur

Jerite rosa pating jlerit

Nanging awakmu kuwat tanpa sambat

Paring nyawa saka jerone garba

Kanthi welas lan asih

Kok rumat si jabang nyawa

Sanajan kok sekarat kaya ngapa

Awakmu tetep kuwat

Sanajan kok sengsara kaya ngapa

Kok sangga kanthi lela legawa

Welasmu kaajab ora sia-sia

Pandongamu si jabang nyawa bisa miguna

Welasmu ora ketung iwak segara

Ora bisa winales kanthi apa

Welasmu lela legawa

Tresnamu simbok si jabang nyawa

3 komentar:

  1. wah jan tenan kae,

    angel yo dadi simbok, wis rekasa nglairake si jabang bayi, nek si bocah wis gedhe trus wani marang simbok.

    pancene bener ngendikane kanjeng nabi, sing paling utama ing saisine dunya iki, saliyane Gusti, ya mbok'e dhewe.

    nuwun sewu mas, nyuwun pirsa. ing kaca tengen wonten "Pokoke jawa ana ing kene": Manusia Jawa koq mboten saget di bikak nggih??
    matur suwun

    BalasHapus
  2. wah jen temen rekasane si embok.
    ing antarane urip lan pati
    anggone nindakake kodrat dadi ibu.

    getih kemucur tanpa kaukur
    Sanajan kok sengsara kaya ngapa
    Kok sangga kanthi lela legawa
    Welasmu kaajab ora sia-sia
    Pandongamu si jabang nyawa bisa miguna


    leres sanget dawuhipun kanjeng nabi
    nalika wonten ingkang mundhut pirsa
    sak sampunipun Gusti Allah,
    sinten tho ingkang paling utama ing dunya
    kanjeng nabi paring dawuh nganti kaping tiga:
    sing paling utama saindering jagad
    ora liya ya mung ibumu..

    nuwun sewu mas,
    nyuwun pirsa, ing kaca tengen menika wonten
    "Pokoke jawa ana ning kene": Manusia Jawa
    koq mboten saget dibukak nggiih??

    matur suwun

    BalasHapus
  3. mungkin situsnya sedang diperbaiki kali ya...

    BalasHapus

Total Pageviews